❤️🔥 Atur Pambagyo Harjo Lamaran
NamiKula Anand Ajibul Abshor (02)Kula saking kelas XI IPS 1SMA N 1 Pemalang
Wilujengpinanggih kulo badhe ngaturi tuladha atur pambagyo lamaran temanten ingkang tasih kalampahan wonten ing pabrayab agung utaminipun w
.
Assalamu alaikum Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Panjenenganipun para Alim,’Ulama,ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, Poro pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ……..ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan. Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Shalawat soho salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin. Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu …… ingkang hamengku gati. Lajeng kawulo kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika. Purwakaning atur, Bp/Ibu …… soho kulowargo ngaturaken salam taklim Asalamu alaikum waroh matullahi wabarokatu. Bp/ibu …… ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin. Ing panginten, sanggya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang asesilih Rara Ayu …. atmojonipun bpk …… engakang kadaup dening bagus…… putra saliranipun Bpk …… ingkang pidalem wonten ing wewengkon …………. Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau/kalawingi enjing/sonten/dalu nuwun inggih dinten …. nyarengi surya kaping … titiwanci tabuh …… kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para sanak kadang. minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing tlatah …….. kanthi manggih wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa. Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu …… gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga RT …….. ngriki, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu ………… mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin. Para rawuh para pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu ……anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu ……..sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, ingkang samya mangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh mugi keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin. Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, Bp ……..sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya. Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu …….gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika. Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, lan cupeting atur keparenga nyuwun gunging samudro pangaksami. Wusoning atur wassalamu’alaikum
Atur pambagyaharja temanten bahasa Jawa singkatAtur pambagyaharja temanten bahasa jawa umumnya selalu ada pada acara resepsi/ pernikahan atau acara-acara lain seperti khitanan. Pambagyaharja diberikan untuk menyambut para tamu undangan dan ucapan terima kasih kepada para mitra dan handaitaulan yang telah membantu terlaksananya acara. Pambagyaharja ditugaskan kepada orang yang telah ditunjuk sebelumnya oleh pamangku gati/tuan rumah. Akan tetapi tidak menutup kemungkinan bila duta yang telah ditunjuk berhalangan, tugas ini akan diserahkan kepada pranatacara untuk mewakilinya. Maka dari itu, sebagai pranatacara hendaknya juga mampu menguasai materi mengenai pambagyaharja, contoh atur pambagyaharja temanten bahasa jawa singkat ini bisa menjadi bahan dasar yang bisa digunakan sesuai kebutuhan. Isi Pambagyaharja setidaknya memuat hal sebagai berikut Salam Syukur Ucapan Selamat Datang Memberitahukan mengenai hajat/acara yang sedang berlangsung Meminta doa Ucapan terima kasih Permohonan maaf Isi pesan pambagyaharja diatas hendaknya bisa tersampaikan karena merupakan ungkapan dari pamangku gati yang diwakilkan kepada duta pambgyaharja. Sebagai bahan saya berikan contoh pambagyaharja acara pernikahan. untuk Pambagyaharja acara-acara lain tinggal merubah saja kepentingannya. Berikut ini contoh atur pambagyaharja temanten Assalamua'laikum Wr Wb. Kula nuwun dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing suka basuki, para sepuh, pini sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur ingkang pantes hanampi sagungeng sekar pakurmatan Panjenenganipun para sarjana sujananeng budi, para priyagung pangemban pengembating praja, para satriyaning nagari minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang satuhu kinormatan. Boten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang pantes sinudarsana. Nun inggih awit saking keparengipun pamangku gati saha kapanatyan bawahan mantonkepanitiaan acara manten ing kalenggahan menika. Kula pun ..nama diri misal Hendro..kinen sumileh sarira angemban wuwus ngaturaken wedharing gantha babaring prasedya. Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken ngaturaken suka syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang sampun kepareng hambabar daya pangaribawanipun ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah wonten ing kalodhangan menika panjenegan sedaya lan kula taksih saget makempal wonten papan panggenan menika kanthi rahayu wijeng nir ing sakara-kara. Sumangga sinartan ndedunga mugi-mugi salwiring gati wiwit purwa, madya dumugui wasana mangke saget pinaringan gancar, rancak sepen ing tamu kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka basuki, madyaning suka ing kalenggahan menika , Bapa..nama tuan rumah/pamangku gati...sekalian angambali atur pambagyawilujeng awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi keparenga pinarak sinambi ngrantos wosing gati dumugi pari purnaning pawiwahan ing kalenggahan wosing gati adicara pahargyan menika nun inggih panjenenganipun pamangku gati Bapa.. nama tuan rumah sekalian netepi peperangan darmaning asepuh maharghya suta amiwaha siwinun inggih putrinipun ingkang asesilih..nama mempelai putri ..dahup kalian Bagus..nama pengantin putra..jalu tenayanipun Bapa..nama besan/orang tua pengantin putra..ingkang pidalem ing..alamat besan/ pengantin putra.Wondene wiwaha gama satataning adat sarta agami, sampun kelampahan kala wau wanci..waktu akad nikah jika sudah terlakasana..antuk pepayung karahayon tebih ing pangajabing sedya saking Bapa..nama tuan rumah/pamangku gati sarimbit,mugi wonten sukalilaning manah panggalihipun para tamu kasuwun puja hastawa hastunipun, satemah penganten sarimbit sageta tresna tiresnanan, atut runtut anggennya mangun bale wisma, hayu hayem hangayomisakinah mawaddah wa rahmah, saha enggal pinaringan kanugrahan saking Gusti wujuding golek kencana ingkang saget tata jalma pinangka panyambating sejarah, rah tumerahipun ingkang sami mangun tamu kakung putri ingkang agung ing darma, boten katalumpenlaliBapa..nama pamangku gati sekalian ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang miwah tangga tepalih, pamong mitra sedayanipun, ingkang sampun kepareng paring iguh pratikel menapa dene penggalihan. Sedaya kalawau bapa..nama pamangku gati sekalian garwa boten saget mangsulaken karana lahir, amung kasumanggaaken wonten ngarsanipun Gusti allah Ingkang Maha Kawasa. Mugi kadarman panjenengan kalawau dadosa amal kesaenan, saha pikantuk peparing nugraha ingkang satrajusetimpal.Pepuntaning atur saking bapa..nama pamangku gati sarimbit, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi kaagungna pangaksama panjenengan. Kula ugi taksih titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti, kiranging suba sita kula nglenggana taksih kiranging seserepan ingkang kedah nyadong wewarahing para winasis ing reh basa tuwin sastra. Hayu-hayu raharja niskala. nuwun. Wassalamua'laikum Wr. BAHASA INDONESIA -TULADHA ATUR PAMBAGYAHARJA TEMANTENAssalamua'laikum Wr para tamu yang berbahagia, beliau-beliau yang dituakan, para orang tua yang sudah berpengalaman yang pantas dihormati. Para sarjana yang baik budinya, para pegawai yang mengemban tugas negara yang sungguh dimuliakan. Tidak tertinggal kepada para mitra, para remaja yang pantas dibanggakan. Berawal dari keinginan pamangku gati dan panitia kepanitiaan acara manten di hari ini. Saya ..nama diri misal Hendro.. perkenankan menjadi wakil untuk menyampaikan segala mengawali bicara, mari bersama -sama saya ikuti mengucapkan syukur kepada Allah yang maha Tahu yang telah berkenan memberikan Rahmatnya kepada hambanya. Sehingga di kesempatan ini kita semua bisa berkumpul di tempat ini dengan selamat tanpa halangan kita panjatkan doa semoga acara dari awal hingga akhir nanti diberikan kelancaran, meriah dan jauh dari tamu undangan yang berbahagia, di tengah kegembiraan hari ini, Bapa..nama tuan rumah/pamangku gati...dan istri kembali mengucapkan selamat datang dan teriring ucapan terima kasih yang mendalam. Berkenan kiranya duduk dengan nyaman mengikuti acara hingga selesai keperluan acara hari ini yaitu Bapa.. nama tuan rumah dan istri memenuhi kewajiban sebagai orang tua menikahkan putrinya yang bernama..nama mempelai putri ..dengan Bagus..nama pengantin putra..putra laki-lakinya Bapa..nama besan/orang tua pengantin putra..yang tinggal di..alamat besan/ pengantin putra. Adapun upacara nikah secara agama maupun adat telah terlaksana tadi pukul waktu akad nikah jika sudah terlakasana..mendapat Rahmat keselamatan dijauhkan segala dari Bapa..nama tuan rumah/pamangku gati dan istri, berkenan dengan ikhlas hadirin sekalian memberikan doa, sehingga mempelai bisa saling cinta mencintai, guyup rukun dalam berumah tangga, bisa, bekerjasama, menentramkan dan saling menjaga sakinah mawaddah wa rahmah, serta segera diberikan momongan sebagai penerus sejarah dalam tamu kakung putri yang agungb darmanya, tidak lupa Bapa..nama pamangku gati dan istri juga menyampaikan terima kasih yang sebesar-besarnya kepada para saudara dan tetangga, sahabat semuanya, yang telah berkenan memberikan sumbang sarannya. Semua itu Bapa..nama pamangku gati dan istri tidak bisa mengembalikan secara lahir, hanya diserahkan kepada Allah yang maha Kuasa, semoga kebaikan-kebaikan tadi menjadi amal soleh, serta mendapat berkah dan balasan yang seimbang/setimpalBaca juga contoh teks pranatacara Lamaran-Manten-Lelayu Akhir kata dari Bapa..nama pamangku gati dan istri, apabila dalam menerima dan menyambut Bapak Ibu sekalian ada kekurangannya, berkenan kiranya memberikan maaf yang juga sekedar menjalankan, semua tergantung kepada Allah SWT, saya menyadari masih perlu belajar banyak kepada para pakar bahasa dan sastra. Hayu-hayu raharja niskala. Wr. pambagyoharjo merupakan artikel pelengkap dari artikel saya yang memberikan contoh atur PASRAH PENGANTIN. Materi atur pasrah sangat penting dikuasi karena banyak digunakan di dalam tak kalah penting untuk dipelajari adalah materi TAMPI PASRAH yang pastinya juga perlu dilatih agar makin siap ketika nanti menerima tugas sebagai penampi. Semoga Atur Pambagyaharja Temanten bahasa Jawa singkat bermanfaat. Mari niatkan dan kuatkan hati bahwa dengan membantu sesama Allah pun akan membantu dan memberikan jalan keluar untuk semua urusan kita. Rejeki tidak dari satu tempat jadi lakukan semua dengan sebaik-baiknya.
atur pambagyo harjo lamaran